Rabu, 08 Februari 2017

Contoh Layang Ulem

Layang Ulem


Tanggap Warsa

Bojonegoro,25 September 2016
Katur kula kangge: M. Burhanudin
Ing dalem

Assalamu’alaikum,  Wr. Wb.
            Katur dumatheng kanca-kanca ingkang kawula tresnani, saking layang ulem punika, kawula badhe ngaturaken warta, ingkang tanggal 30 September 2016 mangke kawula badhe ngawontenaken adicara tanggap warsa kawula ingkang sekawan welas taun. Amarga saking punika, kawula nyuwun rawuhipun saha pandonganipun saking kanca-kanca sedaya, wonten acara tanggap warsa kawula ingkang badhedipun wontenaken ing :
Dinten/Tanggal         :Sabtu, 30 September 2016
           Wanci                        : Jam 09.00 - 11.00
Panggonan                 : Griya Kula, ing Kel.Sumbang RT19/RW06         
                                        Kab.Bojonegoro

Pramila prasasat nampi nugraha ingkang ageng menawi kanca-kanca kersa ngestreni panyuwun kawula wau.
            Atur panuwun ingkang mboten upami kepareng kanca minangkani panyuwun kawula dalah kulawarga. Nuwun.
            
Wassalamu’alaikum, Wr. Wb.
  

Atur kula,               


                                                 Arthur Rahmad L

Tidak ada komentar:

Posting Komentar